Baru saja di launching pesawat baru "TEGAL AIR"
yang sangat nasionalis fanatik kedaerahan. Saat pramugari ngasih instruksi ke
penumpang pesawat, beginilah jadinya:
"Dulur-dulur penumpang, delat maning kapal mabur pan
mabur. Sadurunge, nyong karo pramugrari liyane pan nuduhna carane ngadepi
keadaan darurat. Klambi plembungan ana nang slesepan ngisor jok, dingo dong
kapal mabur mandeg nang duwur laut."
"Carane njukut klambi sekang slesepan terus dingo,
tarik taline ben klambine mlembung, endah sampeyan ora pada klelep nang laut.
Ati-ati aja dibeset mengko klambi plembungane modol-modol terus sampeyan bisa
modar. Pipa karet didamu ben lampune kedap-kedip dadi bisa dideleng sekang
kadohan. Klambi kuwe aja dicolong utawa digawa balik, angger konangan bisa
ditempiling koen."
"Motor mabur kaya kiye ana nem lawange, loro nang
ngarep, loro nang sewiwi, terus loro maning nang mburi. Angger pesawat kurang
hawa nggo ambekan, mengko metu dewek masker oksigen sekang loteng. Angger
masker mecotot, gagiyan dingo, ambekan kaya biasane bae, aja ngos-ngosan,
marakna liyane pada wedi. Semene pengumuman sekang enyong, angger pan maca
majalah apa Koran, kuwe ana nang slesepan jok ngarepe koen kabeh. Angger pan
mutah nganggo plastik nang ngisor jok. Aja janji mutah koprat-kaprit njijeni
nemen, inyonge sing repot ndadak ngresiki ana apa."
"Angger pan nguyuh jumblenge nang mburi. Aja nguyuh
karo udud, kapan konangan diuyuhi sisan kon. Aja ngising disit ya.. nek mabur,
mbokan taine nibane ndase wong-wong sing nang pasar, Nek kebelet nemen ya sabar
ndisit nang bandara bae ya.. mengko nek mudun. Aja nguyuh nang jumbleng ngarep,
kae jumblenge wong sugih.."
"Wis lah..cangkeme teol, moga-moga slamet waras
bregas bisa mudun maning. Kaya kuwe bae ya, suwun.. Oh iya, njaluk pangapurane
ya, mbokan ana sing nggawa endog kapan laka ya tahu kuping, tulung aku njaluk
saanane, inyong ngelih nemen awit manjing during mbadog.

0 komentar:
Posting Komentar